speda.jpg

Jenggèlèk uput-uput melèk,
Esuk-esuk wis labuh kakèen sengèk,
Sing jèrènè kedeklèk, jèrè beyèkanè bèngkèk,
Rupa-rupa njaluk tethèk bengèk.

 

 

Aja cokan kakèen sengèk,
Wong wis tua pit-pitan gutul Trenggalèk,
Gayane menthengkèlèk, nek weruh prawan dilèdhèk,
Ora eling nèk dhong kumat bengèk.

 

IWil gentawil gèk,
Mekethapèrk ngrungkebi gethèk,
Pitè meprèk jugangan cethèk,
Menyat dhèwèk karo mringis kethèk

 

IWil gentawil gèk, Kaki tèngkèk tiba meklaprèk,
Awak ndèngkèk, balungè semplèk,
Oklak aklèk kayong medhi sangkrèk

Bintoro dari milis Banyumasan........

Tags: